Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 6 Wong-wong lan Gawene

Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 6 Wong-wong lan Gawene

Wulangan Kaping 4

A. GENAU BEBASAN

Basa Dermayu due loro undak-usuk basa utawa tingkatan basa. Kaping siji, iku basa ngoko utawa bagongan. Kaping loro, yaiku basa krama utawa bebasan.

  1. Penganggone, basa krama/bebasane Penganggone/rasukane
  2. Gemuyune, basa krama/bebasane Gemujenge
  3. Suwarane, basa krama/bebasane Suwantene
  4. Wonge ayu, basa krama/bebasane Tiyang ajeng
  5. Ning rupane, basa krama/bebasane Teng rupine
  6. Alon pisan, basa krama/bebasane Alon sanget
  7. Nganggo tapih, basa krama/bebasane Ngangge tapih
  8. Klambi, basa krama/bebasane Rasukan
  9. Katone ayu, basa krama/bebasane Ketingal ajeng
  10. Disawang, basa krama/bebasane Ditingal
  11. Kang utama, basa krama/bebasane Kang utami
  12. Sing wajib, basa krama/bebasane Ingkang wajib
  13. Apa, basa krama/bebasane Punapa
  14. Sapa, basa krama/bebasane Sinten
  15. Kapan, basa krama/bebasane Kapan
  16. Ning endi, basa krama/bebasane Teng pundi
  17. Kenang apa, basa krama/bebasane Kenging punapa
  18. Kepriben/Kepriwen, basa krama/bebasane Kepripun
Latian!
Isenana jawaban nganggo basa krama/bebasan sing pas.
  1. Wonge ayu ning rupane, basa krama/bebasane yaiku.....
  2. Suwarane alon pisan, basa krama/bebasane yaiku.....
  3. Ayu pisan ning rupane, basa krama/bebasane yaiku.....
  4. Disawang katone ayu, basa krama/bebasane yaiku.....
  5. Manis yen gemuyune, basa krama/bebasane yaiku.....



0 Response to "Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/MI Tema 6 Wong-wong lan Gawene"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel