Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/Mi Tema 8 - Pitutur Wong Tuwa

Indramayu Kelas 5 SD/Mi Tema 8 - Pitutur Wong Tuwa

Wulangan Kaping-2

PUISI

Karya sastra puisi daerah Dermayu ana sing nyebute minangka geguritan. Tapi sebenere antara puisi karo geguritan iku rada beda. Sebab geguritan seringe keiket kenang guru padha (jumlah bait ning saben pupuh), guru gatra (jumlah baris ning saben bait), guru wilangan (jumlah wilangan ning saben baris), lan guru lagu (rima). Uga ana purwakanti (muni sing pada) ning awal, tengah, lan akhir.

Sewalike karo puisi sing condong arahe minangka puisi Basa Indonesia secara umum. Puisi beli keiket ning  guru padha, guru gatra, guru wilangan, purwakanti, utawa guru lagu (rima). Yen ana guru lagu lan purwakanti, iku minangka dadi kekuatan tembung pilihan (diksi).

Contoh Puisi

WASIAT

Nang, nok, putra-putri kula

Senajan dina kiyen arep ninggalaken sekolah

Senajan dina kiyen arep lunga lan mlampah

Lurua elmu maning sampe luwih munggah


Nang, nok, putra-putri ingkang sae

Mangkata kaya sumangate srengenge

Luru elmu lan kawruhan wis dadi kewajibane

Senajan adoh, udagen ning jagat endi bae

0 Response to "Bahasa Indramayu Kelas 5 SD/Mi Tema 8 - Pitutur Wong Tuwa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel